Sabtu, 03 Desember 2011

NASKAH SERAT BASUKI LAN RAHARJA


A. Deskripsi Naskah

Naskah yang menjadi bahan penelitian ini adalah Serat Basuki lan Raharja. Naskah ini disimpan di Perpustakaan Sasana Pustaka Karaton Surakarta dengan kode koleksi 200 Ra. Naskah ini merupakan karangan R Aryo Kusuma. Naskah bertuliskan huruf dan bahasa Jawa tulisan tangan dengan menggunakan kertas berukuran  20,2 X 17,3 cm dan teks berukuran 16,1 X 12,3 cm. Setiap halaman berisi 10 baris.
Jenis kertas yang digunakan adalah kertas bergaris biru. Naskah ini telah diperbaiki dan dibungkus dengan manila. Teks berbentuk puisi Jawa Macapat dengan satu metrum yaitu dhandhangula yang berjumlah 70 bait. Secara garis besar, teks memberikan ajaran kepada manusia untuk berbuat baik dan menjauhi perbuatan jelek.

B. Transliterasi Teks


Hasil transliterasi
Terjemahan


Dhandhanggula


01. pamedharing sarananing manis
manising tembung kalawan tembang
nembungi sastra campure
Arab lan Jawinipun
Kalihipun tan kenging nyilib
Lumampah sakalihnya
Cinupet tan purun
Yen pisah salah satunggal
Asring gagal ngicalken udanagari
Nagara iku rosa

02. Kuwating nagara gegirisi
kuwating sarak sabab rumeksa
ngreksa kukum sakabehe
pramila kuwat kukuh
angukuhi prakareng bumi
yen mangkono ta padha
wedia ing kukum
matrapna yudanagara
yen atemu ing karone dadi becik
becik slamet raharja

03. pan puniki karsane kang nganggit

sarjuning tyas susanta ngumala
nglepasken panggraitane
graitane wong punggung
anggung gawe anggunggung dhiri
dhirinira keweran
tan weruh pangawruh
warah wuruk pan tinerak
nerak sarak nora wurung keneng sarik

rusuh rusak kasrakat

04. sakarepe kisruh ngrusak ati
ati tiwas ing pati tan awas

yekti kathah ing was-wase
wuwusen sujanma yu
kang rahayu yuwaneng budi
tumindak ing dedalan
dalan kang mrih luhur
luhuring tyas sabar drana
dananira iklasna kalbu kang suci
dimen mancur tyasira

05. mancuring ati iku nyumuki
marang sakabehe badanira
sumrambah kabecikane
cupet cilakanipun
suka sukur ingkang pinanggih
uga manggih kagungan
sinebut wong agung
anggenggeng santosanira
rinasanan wong iku ambeg basuki
murweng tyas karaharjan

06. Harjaning yas bisa malawani
marang sakehe nepsu kang ala
kang bener pinarekake
sumingkir marang merdu
merdu dudut ati tan becik
becik acumadhonga
ing Gusti Kang Agung
gungna langgenging Hyang Suksma
suksma nrima ing panuwune kang abdi

yen temen tinemenan

07. Jroning kitab sipatul nguleki
tandhaning wong kurang budinya
ana pratandha ngawake
solah pangucapipun
kang kanggonan tulening budi
yen katenan balak
ing sariranipun
winales ing kabecikan
sring nyukakken marang ing sesami-sami
wong luput ingapura

08. Dene purwaka palaning budi
kaping kalih idhep mantepira
ingkang beciki awake
lan wruh saliranipun
ingkang luhur dipun andhapi
tur nora pala cidra
marang sanakipun
dene tandha kaping tiga
iya remen wong iku panggawe becik
nyimpang panggawe ala

09. Tandha kaping pat jatmikeng budi
momot ujar tandha kaping lima
ngucap barang  pangucape
sarta kalawan ngelmu
tandha ping nem akerep dikir
kerep maca istigpar
eling uripipun
lamun awekasan pejah
kaping pitu kalamun nandhang prihatin
panrimane nugraha

10. Nuli ilang gonira prihatin
dene linimput ing panarima
sartandhap asor budine
wus jangkep kaping pitu
budi ala ginonjak eblis
iya pitung prakara
dene kang rumuhun
remene nganiaya
yen angucap puniku adoh lan ngelmi
sembrana amrih cacat

11. Kapindho dir gumunggung ing dhiri
nora pisan dhemen pawong sanak
Manawa soring dheweke
Dene kang kaping telu
Tata krama den orak-arik
Ingkang kaping sakawan
Akereng tur lengus
Ping lima jail wadulan
Kaping name nyanyuwe panggawe becik
Dene kaping sapta

12. Nora sabar ing bilahi
wus ajangkep kang sapta prakara
iku pancabaya gedhe
raosna jroning kalbu
marang kojah ingkang kawuri
kalamun sira bisa
matrapken pitutur
kang wus sinebut ing ngarsa
iku dalan umarek mring Maha Suci
sarta lawan nugraha

13. Utamane kalakuan iki
lakonana samubarang karya
kukuhana ing becike
kang tega tinggal luput
kencengana benere yekti
den kukuh aja kongkah
kang supaya bakuh
iklasna tinggal kang ala
liring ala ingkang adoh marang becik
becik ingkang raharja

14. Arja jaya pan aja gumingsir
gingsirena ati kang belasar
dimen adoh ing sasare
sasare ing panemu
panemune wong ahli ngelmi
akeh kang nablegena
marang badanipun
iku ngelmune gupala
nora wande yen kekel aneng yumani
tiwas pati tan awas

15. Sira kaki dipun ngati-ati
nekadake ngelmu den waspada
den terus lawan dalile
miwah kadis Jeng Rasul
den nastiti dipun methuki
maring para utusan
ing sedayanipun
apa ingkang winartakna
sayektine kabar iku nora kidib
yekti saking pangeran

16. Dene dununge ngelmu puniki
sayektine mung katemu nama
nora tinemu rupane
rupane mung dumunung
dunungena telenging ati
ati iku titipan
titipaning semu
semune tan mantra-mantra
lamun gatra yekti gograk kena gigrig
mokal yen mangkonoa

17. Wong kang sampun binuka ing ngelmi
datan ana ingkang kinareman
amung umadhep gustine
ngreksa sakehe lacut
amung sabar madhep ing Gusti
tan pisan dhinginana
karsaning Hyang Agung
tan duwe daya upaya
amung rila sokur pasrah maring Gusti
iku tekad kang nyata

18. Pan sanadyan wus kadi punapi
kamulyane pan durung karuwan
maksih pasrah maring kang gawe
yen wus sawusing durung
lah ta embuh rasan puniki
yen sira tinarbuka
yekti bingung-bingung bingleng bebingungi
bingung kang sampun ngongang

19. Liring ngongang bingung mengeng kaki
saking jerone ingkang iktikad
sira pan aja gumluweh
yen sira gelem laku
amartapa laku kang becik
bokmanawa sira ta
tinarbukeng kawruh
iku ijeh bokmanawa
nanging uga lakonana ingkang margi
sarta palaling suksma

20. Antepana gonira ngabekti
miwah pasa ing sakiranira
lungguh pitekur lan melek
kibir sumungah ujub
riya iku buwangen kaki
edohna ingkang tebah
drubiksa kang catur
iku panggodhaning manah
iku angel pambuwange ingkang tebih
kudu kraket kewala

21. Iku ingkang ngalingi ing gaib
ujar kitab sipatul ngukala
iku kaki kijab gedhe
lan malih dipun purun
sira kaki ambuwang dhuwit
aja keket ing asta
marisaken kupur
ngangelaken ing sakarat
dunya brana jroning pati mikatoni
tur dadi pancabaya

22. Bayaning pati ambebayani

puyeng-mayeng puyang papuyengan
poyang-paying pangrasane
priyang-priyang tur wuyung
yuwanane lumayu tebih
yayah rena keweran
tan bisa tatulung
pramila dipun prayitna
supayane ing pati semu patitis
tetepna ing tyasira

23. Pernatanen tumunturing ati
lunturana pranatan kang tata
dimen titi trang driyane
yen sampun terang terus
anaratas paraning pati
tatanen ingkang tata
patrapna pandulu
dulunen Kang Maha Mulya
nirna wrana ilangna kang ngengalingi
lulus lestari nyata

24. Nanging dalane teranging pati
iya nora kena ginagampang
pan luwih abot sarate
sarate tranging kawruh
kudu ngesthi rahina wengi
ngreksa maring drubiksa
luamah dhinadhung
amarah denoprak-oprak
mutmainah den kekep dipun sungkemi
napsu tiga linawan

25 Apa margane nemua becik
maksih ngumbar kanepsonanira
drengki kiyanat den angge
tan bisa nyegah napsu
aluamah den urip-urip
amarah den kukudang
supiyah den gunggung
pramila alane dadra
dedel dadi nuduhken dalan tan becik
becike kekalingan

26. Kalingan napsu kang amrih lali
coba nepsu kang ala linawan
den mungsuh ing sabenere
sayekti lamun lebur
bubar kuwur amobrak-mabrik
ingkang kinarya pedhang
pangarepe ngelmu
panahe manah raharja
pinayungan tawekal maju ngajurit
yekti sirna kang ala

27. Ana maneh gegaman premati
aja sira dhemen kamelikan
kang nora sah lan kukume
warise wong calimut
kinedhikken ingkang rijeki
warise wong pitenah
cilakane muput
mindeng kasangsaranira
beda lawan wong sabar salamet budi
warise kasenengan

28. Seneng iku marisake becik
becik iku anuntun mupangat
mupangat nugraha gedhe
nugraha iku wahyu
wahyu iku paringing Gusti
paring ingkang karilan
rilaning Hyang Agung
patut iku den gungena
paparinging gusti ingkang den rilani
iku sipate rahmat

29. Rahmat iku marisaken eling
eling iku marisken makripat
makripat maring gustine
Gusti Kang Maha Agung
Liring agung datanpa sami

Mokal yen kapadhana
Gusti Maha Luhur
Kang darbeni sipat jamal
Sipat kahar kang nguwasani sakalir sakretining bawana

30. Lawan padha ngawruhana kaki
prakara sipat kalihdasa
lan mangerti ing tegese
gaib  ngawruhana iku
sakabehe wong Islam sami
yen tan weruh tegesnya
mesthi lebar lebur
sipat wujud kidam baka
mokalapah lil kawadisi limani
kiyamu binapsiyah

31. Wahdaniyat kodrat iradati
ngelmu kayat samak basar ika
kodiran lan muridane
ngaliman kayan iku
lan samingan basiran ugi
lawan mutakaliman
jangkep wus den etung
ingkang sipat kalih dasa
sayektine wujud iku ingkang pasthi
yektine datan ana

32. Wujud iku amung Maha Suci
datan ana malih kang gumelar
awal tumekeng akhire
tegese ujar iku
kabeh iki rusak sakalir
amung dat kang amulya
ananing Hyang Agung
liring agung iku jembar
liring jembar tan ana kang mamadhani
tan kakung tan wanodya

33. Makhluk kabeh ngalindung Hyang Widhi
ingkang jahat arah nem prakara
iuke den ayomi kabeh
kang saweneh na wuwus
den arani johar lan jisim
saweneh ana ngucap
Alah aneng dhuwur
Iku bodho tumpa-tumpa
Jeng Pangeran ingkang karya bumi langit
Tan kaya ngapa-apa

34. Nora kena kacipta ing galih
yen onoa rupan kaya ngapa
iku jomblah makluk kabeh
kale suci sadarum
kang kumrenteg sajroning ati
kabeh iku den ijad
dudu Maha Agung
tan kena ginayuh nala
pramilane den sami brongta ing gusti
manawantuk nugraha

35. Lamun antuk pitulung Hyang Widhi
iya pesthi tan kalawan-lawan
kang sarta lawan takdire
nanging sira yen ayun
mring pangawruh ingkang sayekti
aja sawiyah-wiyah
den ngambah delanggung
dalanana saking kitab
iya kono tasawup kang dadi margi
lan usul den waspada

36. Waspadakna ingkang dadi sirik
lakonana kang kinon ing sarak
poma aja ngelirake
kang cinegah ing rusul
ngedohana ingkang atebih
iku laku utama
lakune wong luhung
mokal jaising Pangeran
dunungena kang terang padha semangkin
iku wong asih suksma

37. Amung weruha manungsa iki
marang wujuding Hyang Maha Mulya
anitik saking lapile
dalilipun walahu
pan kalaka pi samawati
andadekaken Allah
saking langit iku
lawan bumi sakabehnya
sayektine wajibul wujud datneki
tan jaman tan panggonan

38. Lan sing sapa wonge angarani
ing pangeran arahing kahanan
utawa ing panggonane
yekti kapir wong iku
dadi batal islamireki
kopar kapir kapiran
esah murtadipun
sakuthu ing kukumira
lan sing sapa sakuthu maring Hyang Widhi
temahan manggih sasar

39. Spat kidam dhingin maha Suci
mokal lamun kadhinginan Adam
uwal awalul lapile
tanapi wal akhiru
kari nora ana ngareni
dalile sipat baka
alanggeng Hyang Agung
mapan kuluman ngalyeha
sakabehe barang kang sawiji-wiji
fasnis puniku ilang

40. Wayabka lan tetep Maha Suci
wajhu rabika dat Pangranira
dul jalali wal ikrame
Kang Mulya lan Kang Agung
Mokhalopah lil kawadisi
Prabeda lan  kang anyar
Iki dalilipun
Lan asipat wakhdaniyat
Pan sawiji boya ana kang  kekalih
Mokal yen ana liyan

41. Sipat kodrat  kuwasa Hyang Widhi
mokal lamun Pangeran apesa
iki ingkang nuduhake
inallaha puniku
satuhune Hyang Maha Suci
ngalakuli saean
kadir lajonipun
ing atase iku barang
saben-saben sawiji  pan dipun pasthi
langkep tan kena cidra

42. Sipat iradat dalile singgih
Gusti Allah sayekti akarsa
Fakngaluli mayuride
Wus agawe Hyang Agung
Ing sabarang sakarsaneki
Sipat ngelmu pangeran
Iki lapilipun
Kyoaluhu inallaha
Ngalakuli sein ngalim tegesneki
Satuhune Pangeran

43. Marang sakabehe kang dumadi
kabeh iku padha kinawruhan
sipat kayat pan mangkene
mapan watawakalahu
ngalal khaliyamutuni
urip tan kena pejah
ananing Hyang Agung
dalilipun sipat samak
mapan ta inallaha samingun ngalim
miyarsa tur mangliyat

44. Sipat basar dalilipun singgih
wallahungdatawi Gusti Allah
bima takmalun basire
sabarang pan dinulu
nora nganggo netra kakalih
dalile sipat kalam
iki pungkasipun
wakalamallahu Musa
taklimana wus ngandika Maha Suci
mring gusti Nabi Musa

45. Pangandikane Hyang Maha Suci
mring jeng Nabi lan sapangandikan
ewuh elok ujare kiye
arang ingkang anggayuh
samaripun anyanyamari
nyamari sabuwana
buwana lit agung
gungena Kang Murbeng Jagad
jaganana jejeging ati ja gigrig
gogragna raganira

46. Yen wus gograk usika kang dhiri
ridhonira ing Suksma tumeka
Suksma nglela katon dhewe
wuwuh kawruh kang dhuwur
yen wus nora akiwir-kiwir
nora angayawara
kawruhe pangawruh
iku pangawruh utama
utamane ing badanira puniki
nyuwuna pangapura

47. Den rumasa ing Gusti keh sisip
luwih kurang ing ngibadahira
ing Gusti kang dadekake
den akeh nutuh-nutuh
maring badanira pribadi
dadine kumawula
ing Gusti kang Agung
ja kaya kang ngiket crita
layang iki cumanthakambeg kumawi
nyarupa lir pujangga

48. Satuhune bodhone ngluwihi
panganggite pan tanpa kerata
saking kirang geyongane
langkung cupet ing kawruh
basa kawi dereng udani
saking ambeg sembrana
dados purun-purun
anglampahaken sarkara
boten ketang kalamun dipun esemi
mring janma liyanira

49. Kalayan malih wau kang nulis
langkung kirang ing panembahira
mring Gusti Maha Sucine
mung maksiyat ginunggung
kabungahan rahina wengi
ngamal salih tan ana
kumprunge kabanjur
pangesthine ingkang nyerat
mugi-mugi wontena apureng Widhi
sakehe kalepatan

50. Akal ingkang tan pantes ing bumi
Gusti Allah mugi nglironana
Ginanti kabecikane
Ya ingkang Maha Luhur
Dhuh tuwanku rabul ngalamin
Sanget panangis amba
Mring Gusti Kang Agung
Rabi ya sir muga-muga
Agampilna marang ati ingkang becik
Tuwan pan sipat rahman

51. Langkung murah man walatu ngansir
samaliye ing panuwun amba
Tuwan sampun ngangelake
dhumateng manah ulun
ginampilna dhateng kang becik
kadi ta ingkang ina
ringan gampilipun
lawan malih muga-muga
antuka sih sapangate kangjeng Nabi
ngleberana kang nyerat

52. Ingkang nyerat langkung ngarsi-arsi
sapangate ing para ambiya
miwah sakabat pa dene
tanapi wali kutub
ingkang sampun kabukeng gaib
nadyan pasek kang nyerat
nanging batinipun
boten nyulayani sarak
bok manawi wonten pangapureng Widhi
wingking sinten  uninga

53. Dene kuwatire ingkang nganggit
sabab kathahing maksiyatira
meh boten wonten ta ngate
kaya paran ing besuk
yen tan antuk apureng Widhi
anggung gennya nalangsa
dhuh Allah Kang Agung
mugi Alah ngapuntena
ing dosane umat Tuwan ingkap langip
ya Allahi Kang Mulya

54. Boten wonten kang yogya nulungi
maring kawula ingkang duraka
ingkang kados amba kiye
amung Alah Kang Agung
kang darbeni ing sipat kang lim
mugi Alah nglulusna
dalil kang sinebut
aneng sajeroning Kuran
innallaha pan yakbii luttaw dabati
Allah nrima wong tobat

55. Mung puniku watone kang nganggit
nanging boten pisan amesthekna
sabab jais pangerane
tobat kula gumlundhung
saking sanget –sangeting sisip
mung nganti palaling Hyang
laleberanipun
sapangating rasulullah
kadis nabi attaibumindanbi
kamala dan balaha

56. Utawi wong tobat saking sisip
kaya wong kang ora duwe dosa
iku nabi ngandikane
iku geyongan agung
dalil kadis dhawuhe Gusti
sing sapa tan percaya
yekti dadi kupur
pramila sami ngudiya
dalil kadis sayogya dipun temeni
gennya talabul ngelma

57. Lamun sampun putus maring ngelmi
prayogane ngekehana ngamal
aja kongsi ngelmu bae
ngelmu datanpa laku
iku kaki kurang prayogi
laku tan ngangge ngelma
iku nora tutug
dadi wuta temahira
lah pikiren ajana ambeg gumampil
gempal wekasanira

58. Wus tinutur anisal mutakin
pira-pira wong kang gawe amal
mapan tinulak ngamale
lan pira-pira ngelmu
nora dadi ngelmunireki
sababe tanpa ngamal
wong kang ngelmu iku
marmane ngamal tinulak
tanpa ngelmu pramila den sami ngesthi
ngelmu sartaning ngamal

59. Ngelmu putus sarta ngamal salih
iku begja yen sira kanggonan
ingkang tinemu karone
sabar tawekal lurus
lan ngibadah pitekur dikir
warise kang  mangkana
makripat Hyang Agung
iku gunging kalakuan
ingkang nganggo ingkang sami ahli ngarib
kang sami tinarbuka

60. Dedalane wong keparek Gusti
kudu nemen ing ngibadahira
sarta kirang dhahar sare
lan cegah saking dudu
dudu dipun singkiri
ngambaha ing dadalan
dalaning kang agung
rupane dalan kang jembar
dalil Kuran lan Kadise Kangjeng Nabi
lan ijmaking ngulama

61. Dhawuh dalem saking dalil kadis
apa amar kang aneng ing kana
aja sira ngemengake
cilaka temah luput
luput muput tumekeng buri
buri dadi rarasan
dinakwa tan uruscegah ing rusul dohana
ningna ing tyas kang mardu supaya bening
ningna tekad manira

62. Manah ngiwa dohna ingkang tebih
drengki pitnah aja sira ambah
nyidrani sapepadhane
ngumpet ngadu-adu
ujub riya kibir ing ati
iku kang ngrusak badan
sirahe takabur
aja buka celaning lyan
rumasaa ing batin cela pribadi
panacat singgahana

63. Wong kang dhemen nacat barang kardi
iki tuduhe wong kurang akal
cinela mungguh ngelmune
lan malih wekas ingsun
aja ambeg lemeran kaki
penginan barang karya
tan kena kadulu
ing barangira wong liyan
nora kena kumlebat den kapengini
wateg eraman aja

64. Wong eraman marisaken drengki
lawan marisaken tan narima
marang paringe gustine
ngedohken saking sokur
marisaken ngrasuleng budi
lann narik maring murka
sasaring panemu
ucapen janma utama
nguni-uni kang wus karem maring tokit
tan ana kinareman

65. Nora pardulen marang sesami
ngalem nacat puniku cinegah
sabab maoni gustine
kalepan sampun sinung
papesthene ala lan becik
wus aneng kodrating Hyang
duk neng lokhil makpul
mila tan eram ing liyan
naming Alah puniku kang den erami
dene langkung kuwasa

66. Bisa ngingoni marang sakalir
lawan bisa manasaken surya
lan bisa anggebyarake
lintang kang aneng luhur
nora nganggo den sarawedi
miwah tanpa canthelan
prandene tan runtuh
karya langit tanpa saka
lan agawe sagara banyune asin
patut den eramana

67. Mulane wong ingkang ahli supi
ora nana ingkang winedenan
liyane Gusti Kang Gawe
pan kabeh iki makluk
nora nana bisa mbayani
kabeh den anggep padha
tan prabedeng dunung
sanadyan suwarga nraka
kukumipun puniku maksih khawadis
kabeh kukume rusak

68. Ku panemune wong ahli ngarip
ingkang sampun makripat Hyang Suksma
kaya mengkono anggepe
tan karem sawarga gung
maring nraka yo nora wedi
tan ana kang kinasat
liyane Hyang Agung
iku wong kang brangteng Suksma
wus rumesep ngelmu ngamal dadi siji
ngalih marang paningal

69. Paningale nora ngalih-ngalih
nora lunga maring kana-kana
mung ngenani pandulune
andulu kang dinulu
lelewane amilangeni
oneng ingkang paningal
paningal kang alus
lulus luwes temah lawas
yen wus tan awas iku manungsa kang uwis
dhapur buh kang mangkana

70. Pan sinigeg sekar dhandhanggendhis
karsanira Dyan Arya Kusuma
tan arsa anglajengake
samene bae cukup
lamun bisa sira nampani
babasan pudhak cengkar
kayon pinggir laut
kalamun ingsun babara
sayektine wicara datanpa kardi
judheg masa bodhoa


Dhandhanggula


01. Penguraiannya dengan cara manis
manisnya kata-kata dengan nyanyian
menguntai kata indah campurannya
Arab dengan Jawanya
Keduanya tidak boleh dipisah
Berjalan keduanya
Dipenggal tidak mau
Kalau terpisah salah satunya
Sering gagal menghilangkan aturan negara
Negara itu kuat

02. Kuatnya negara itu menakutkan
kuatnya hukum sebab menjaga
menjaga hukum semua
maka kuat sentausa
membela permasalahan di dunia
kalau demikian itu hendaklah
takutlah kepada hukum
terapkanlah aturan negara
jika keduanya bertemu menjadi baik
baik selamat dan sejahtera

03. Memang inilah yang dikehendaki yang mengarang
senangnya hati suci bercahaya
mengeluarkan perasaannya/pikirannya
pikirannya orang bodoh
hanya berbuat kesombongan diri
diri sendiri saja kebingungan
tridak mengetahui pengetahuan
ajaran dan nasihat dilanggar
melanggar hukum akhirnya terkena bencana
kacau rusak terlunta-lunta

04. Sekehendaknya kacau merusak hati
hati lenyap menghadapi kematian tidak mengetahui
sungguh banyak kekhawatirannya
diceritakan orang yang baik
yang selamat dan tulus hatinya
bertindak di jalan
jalan yang menuju keluhuran
luhurnya hati sabar pemberi
pemberiannya ikhlas di kalbu yang suci
agar terang bercahaya hatinya

05. Bercahayanya hati itu membuat gerah
terhadap sekujur badannya
diselimuti oleh kebaikannya
tidak sampai celakanya
senang dan syukur yang ditemukan
juga mendapat keagungan
disebut orang besar
dipenuhi keselamatan
dikatakan orang itu berwatak selamat
memulai hati berbahagia

06. Kebahagiaan hatinya dapat menahan
terhadap semua nafsu yang jelek
yang benar didekatkan
menghindar dari kesenangan
senang mengambil hati yang tidak baik
lebih baik mengharaplah
kepada Tuhan yang Maha Besar
agungkan keabadiannya Tuhan
Tuhan akan menerima permintaan hambanya
Kalau sungguh-sungguh akan dikabulkan

07.Dalam Kitab Sifatul nguleki
tandanya orang yang kurang pandai
ada tanda di badannya
perilaku perkataannya
yang memiliki budi sesungguhnya
jika terkena bencana
di badannya
dibalas dengan kebaikan
sering memberi kepada sesamanya
orang salah dimaafkan

08. Adapun permulaan tindakan baik
kedua kemantapan hati
yang membuat baik dirinya
dan mengetahui diriya sendiri
yang tinggi dihormati
lagi pula tidak bertindak jahat
terhadap keluarga
adapun tanda yang ketiga
orang itu senang terhadap perbuatan baik
menghindari perbuatan jelek

09. tanda keempat bersifat baik
dapat menerima nasihat tanda yang kelima
berkata setiap perkataannya
disertai dengan ilmu
tanda yang keenam sering berdzikir
sering membaca istigfar
ingat terhadap hidupnya
kalau akhirnya akan mati
ke tujuh kalau sedang menderita
dianggap menerima anugerah

10. Segera hilang penderitaannya
karena dibungkus dengan pasrah
serta rendah hati kepribadiannya
sudah lengkap ketujuhnya
watak jelek diserang eblis
juga tujuh macam
adapun yang pertama
senangnya menganiaya
kalau berkata itu jauh dari ilmu
sembarangan membuat cela

11. Kedua menyombongkan diri sendiri
tidak pernah senang persaudaraan
kalau merendahkan dirinya
adapun yang ketiga
sopan santun dikacaukan
yang ke empat
pemarah dan mudah tersinggung
ke lima suka mengganggu dan mengadu
ke enam menghambat perbuatan baik
adapun yang ke tujuh

12. Tidak sabar pada kematian
sudah lengkap tujuh perkara
itu bencana besar
rasakan dalam kalbu
pada perkataan yang sudah
kalau kamu dapat
menerapkan nasihat
sepetri yang sudah disebutkan di depan
itu jalan menghadap kepada Tuhan
serta dengan anugerah

13. Keutamaan perilaku ini
lakukan segala pekerjaan
belalah yang baiknya
yang tegas meninggalkan yang salah
kuatkan yang benar sesungguhnya
yang kuat jangan bergeser
agar tetap kokoh
ikhlaslah meninggalkan yang jelek
jelek artinya jauh dari  kebaikan
baik yang sejahtera

14. Selamat menang jangan menjauh
jauhilah hati yang jelek
biar jauh dari kejelekan
kejelekan dalam pendapat
pendapatnya orang ahli ilmu
banyak yang  menguntungkan
terhadap badannya
itu ilmunya penggembala
akhirnya kalau kekal di neraka
meninggal tidak mengetahui

15. Kamu berhati-hatilah
memantapkan ilmu harus hati-hati
berpegang teguh terhadap dalil
serta hadis Nabi
yang teliti dalam menemui
kepada para utusan
dalam segalanya
apa yang diberitakan
sesungguhnya kabar itu tidak benar
sungguh dari Tuhan

16. Adapun letak ilmu itu
sesungguh hanya ditemukan istilah
tidak ditemukan wujudnya
wujdnya hanya berada
letakkan dalam hati
hati itu titipan
titipannya yang samar
samarnya tidak nyata
jika berwujud pasti terguncang karena takut
mustahil jika begitu

17. Orang yang telah terbuka ilmunya
tidak ada yang disenangi
hanya mengingat Tuhannya.
Menjaga agar semuanya tidak terlanjur
Hanya sabar menyembah Tuhan
Tidak mendahului
Kehendak Tuhan Yang Maha Agung
Tidak memiliki kekuatan
Hanya rasa rela bersyukur terhadap Tuhan
Itu tekat yang nyata

18. Walau sudah seperti apa pun
tetapi kemuliaannya belum pasti
masih pasrah kepada yang menciptakan
apabila sudah sebelumhya
entahlah perasaan ini
jika kamu telah terbuka
pasti bingung mencermati membingungkan
bingung terhadap yang sudah ada

19. Maksud bingung yang teramat sangat anakku
karena dalamnya itikat
kamu janganlah sampai lalai
jika kamu mau menjalani
melakukan perbuatan yang baik
mungkin kamu
akan terbuka pengetahuannya
itu masih kemungkinan
tetapi juga lakukanlah di jalan
serta karunia Tuhan

20, Mantapkan rasa baktimu
dan puasa sekuatmu
duduk tafakur dan berjaga
kibir sombong ujub
riya itu buanglah ananda
jauhkan yang jauh sekali
raksasa yang empat
itu godaan hati
dan itu sulit untuk disingkirkan jauh
karena selalu melekat saja

21. Itu yang menghalangi kegaiban
menurut Kitab Sifatul ngukala
itu ananda penghalang besar
dan lagi lakukanlah
kamu  mendermakan uang
jangan kikir sekali
mewariskan kufur
mmenyulitkan pada kematian
harta benda selalu membayangi
lagi pula menjadi petaka

22. Cobaan kematian sangat membahayakan
pusing berputar-putar
berputar-putar perasaannya
badan panas serta bingung
keselamatannya lari jauh
orang tua bingung
tidak bisa menolong
maka harus waspada
agar mengerti benar tentang kematian
mantapkan dalam hatimu

23. Aturlah sesuai dengan hati
wujudkan dalam tatanan yang baik
agar menjadi terang hatinya
jika sudah jelas terbuka
lurus tujuannya kematian
aturlah dengan teratur
terapkan pandanganmu
lihatlah Tuhan Yang Maha Mulia
lenyapkan tabir yang menghalangi
mulus abadi selamanya

24. Tetapi jalan terang kematian
tidak dapat dianggap mudah
sangat berat syaratnya
syaratnya sempurnanya pengetahuan
harus ingat siang malam
menjaga terhadap nafsu raksasa
aluamah diikat
amarah harus disingkirkan
mutmainah dipegang teguh dan dilakukan
ketiga nafsu dilawan

26. Apa jalannya menemukan kebaikan
masih mengumbar kemarahanmu
iri dengki berkhianat dipakai
tidak dapat menahan nafsu
aluamah dipelihara
amarah dimanjakan
supiyah dipuja-puja
maka kejelekan semakin menjadi-jadi
naik menunjukkan jalan tidak baik
baiknya terhalangi

26. Terhalang nafsu yang membuat lupa
coba nafsu yang jelek dilawan
diperangi dengan sungguh-sungguh
pasti akan hancur
tercerai berai dan porak poranda
yang dipakai pedang
pertama ilmu
panahnya hati yang selamat
dipayungi dengan tawakal ketika perang
pasti lenyap kejahatannya

27. Ada lagi senjata yang ampuh
kamu jangan suka terhadap milik orang
yang tidak sah hukumnya
keturunan seorang pencuri
disedikitkasn rejekinya
keturunan seorang pemfitnah
sengsara selamanya
melihat kesengsaraannya
beda dengan orang sabar selamat budinya
akan mendapat kesenangan

28. Senang menghasilkan kebaikan
kebaikan akan menunjukkan manfaat
manfaat itu anugerah yang besar
anugerah adalah wahyu
wahyu adalah pemberian Tuhan
pemberian yang diridoi
ridoNya Tuhan Yang Maha Agung
sepantasnya harus disyukuri
pemberian Tuhan Yang diridoi
itu sifatnya rahmat

29. Rahmat  menciptakam rasa ingat
ingat  menghasilkan makrifat
makrifat terhadap Tuhannya
Tuhan Yang Maha Agung
Maksudnya agung tidak ada yang menyamai
Mustahil jika ada yang menyamai
Tuhan Yang Maha Luhur
yang memiliki sifat Jamal
Sifat kahar yang menguasai segalanya
Seluruh isi dunia

30. Serta ketahuilah kalian semua
tentang sifat 20
ketahuilah maknanya
wajib untuk mengetahui
seluruh umat Islam semua
jika tidak mengetahui maknanya
pasti akan hancur lebur
sifat wujud kidam baka
mukalafah lil kawadisi
kiyamuhu binafsihi

31. Wahdaniyat kodrat irodat
ilmu kayat sama basar itu
kodiran dan muridan-nya
aliman kayan itu
dan samian basiran juga
dengan mutakaliman
genap sudah jumlahnya
ke 20 sifat
sebenarnya wujud itu yang pasti
sebenarnya tidak ada

32. Wujud itu hanyalah Yang Maha Suci
tiada lagi yang terbentang
dari awal sampai akhir
maksudnya kata itu
semua ini akan rusak
hanya dat yang maha mulia
adanya Yang Maha Agung
artinya Agung adalah luas
artinya luas tidak ada yang menyamai
tidak laki-laki tidak perempuan

33. Semua makhluk berlindung kepada Tuhan
yang jahat 6 hal perkara
itu dilindungi semua
di antaranya ada yang mengatakan
disebut johar jisim
dan ada juga yang megatakan
Tuhan ada di atas
Itu bodoh sekali
Tuhan yang mencipta bumi dan langit
Tidak dapat digambarkan

34. Tidak dapat diangankan dalam hati
kalau ada bentuk seperti apa pun
itu imbang bagi makhluk semua
kebaikannya semua suci
yang bergerak di dalam hati
semua itu di-ijad
bukan Maha Agung
tidak dapat dicapai pikiran
maka kita harus mencintai Tuhan
semoga memperoleh anugerah

35. Bila mendapat pertolongan Tuhan
pasti tidak tertandingi
yang disertai dengan takdirnya
tetapi jika kamu akan
mengetahui yang sebenarnya
jangan berbuat semaunya
lewatilah jalan besar
jalanilah dari kitab
yaitu tasawuf yang jadi jalan
dan arahnya harus diingat

36. Ingatlah yang jadi larangan
kerjakan sesuai aturan
jangan sampai lupa
yang dilarang oleh rasul
singkirkan yang jauh
itu perbuatan yang terpuji
tindakan orang yang muia
mustahil takdirnya Tuhan
tempatkan yang jelas sekarang
itu orang yang mencintai Tuhan

37. Hanya ketahuilah manusia ini
terhadap wujud Tuhan Yang Maha Mulia
berdasarkan dari wahyu
dalilnya walahu
pan kalaka fi samawati
bahwa Allah menciptakan
bermula dari langit itu
dengan bumi seisinya
sebenarnya wajibul wujud datnya
tidak ada waktu dan tempat

38. Dan barang siapa mengatakan
bahwa Tuhan suatu keadaan
atau di suatu tempat
sebenarnya kafir orang itu
jadi batal Islamnya
kafirnya tidak percaya kepada tuhan
sah murtadnya
menyekutukan hukumnya
dan siapa yang menyekutukan Tuhan
akhirnya menemui sengsara

39. Sifat kidam awalnya maha suci
mustahil jika didahului Adam
huwal awalul lafalnya
serta wal akhiru
tinggal tidak ada yang meninggalkan
dalil sifat baka
abadi Tuhan
memang kuluman ngalaiha
semua masing-masing benda
fasnis itu hilang

40. Wayabka dan tetap Maha Suci
wajhu rabika dat Tuhannya
dul jalali wal ikrami
yang mulia dan yang Agung
mukalafah lili kawadisi
berbeda dengan yang baru
ini dalilnya
dan sifat wahdaniyah
hanya satu tidak ada duanya
mustahil jika ada lainnya

41. Sifat kodrat Tuhan berkuasa
mustahil jika Tuhan naas
ini yang menunjukkan
inallaha itu
sesungguhnya Yang Maha Suci
alakuli saian
kadir lajoninya
atas segala sesuatu
masing-masing sudah pasti
lengkap tidak dapat diindari

42. Sifat iradat dalilnya yaitu
Tuhan sesungguhnya yang berkehendak
Fa aluli mayuri
Sudah mencipta Tuhan Yang Maha Agung
Segala sekehendaknya
Sifat ilmu Tuhan
Ini lafalnyta
Kyaluhu inallaha
Alakuli saiin alim artinya
Sesungguhnya Tuhan

43. Terhadap semua ciptaan
semua itu diketahui
sifat hayat demikian
berada watawa kalahu
alal khaliyamutu
hidup tidak dapat mati
adanya Tuhan Yang Maha Agung
dalilnya sifat sama’
berada inallaha sami’un alim
mendengar serta melihat

44. Sifat basar dalilnya yaitu
walahu datawi Allah
bima ta’malun basir
segalanya dilihat
tidak dengan kedua mata
dalilnya sifat kalam
ini yang terakhir
wakalamallahu  Musa
taklimana sudah berkata Tuhan Maha Suci
kepada Nabi Musa

45. Firman Tuhan Yang Maha Suci
kepada nabi dan suda berkata
bingung katanya demikian
jarang yang tercapai
samarnya membahayakan
membahayakan dunia
yaitu dunia kecil dan besar
agungkanlah Tuhan Penguasa Dunia
kagalah tegaknya hati jangan takut
gerakkan badanmu

46. Jika sudah bergerak niatkan dirimu
rido Tuhan akan datang
Tuhan jelas akan datang sendiri
Bertambah ilmu yang tinggi
Jika sudah tidak was-was
Tidak bicara sembarangan
Pengetahuannya ilmu
Itu ilmu utama
Utamanya untuk dirimu sendiri
Mintalah maaf

47. Sadarilah pada Tuhan banyak dosa
sangat sedikit ibadahnya
pada Tuhan yang menciptakan
banyaklah menyesali
pada diri sendiri
jadi menghambalah
pada Tuhan Yang Maha Agung
jangan seperti pembuat serita
surat ini lancang merasa berani
menyerupai seperti pujangga

48. Sebenarnya bodoh sekali
dalam menulis tidak keindahan
karena kurang pegangan
sangat sedikit ilmunya
bahasa kawi belum mengetahui
karena berwatak sembarangan
jadi merasa mau
membuat tembang dhandhangula
meskipun dicibir
leh orang lain

49. Apalagi yang menulis
swangat kurang beribadah
pada Tuhan Yang Maha Suci
hanya maksiat dilakukan
bersenang-senang siang malam
amal salih tidak ada
sombongnya terlalu
harapan yang menulis
semoga dimaafkan Tuhan
semua kesalahan

50. Pikiran yang tidak pantas di dunia
semoga Tuhan mengganti
diganti kebaikan
oleh Tuhan Yang Maha Luhur
duh tuanku rabul alamin
hamba memohon
kepada Tuhan Yang Maha Agung
rabi ya sir semoga
memudahkan pada hati yang baik
Tuhan yang bersifat rahman

51. Sangat pemurah man walatu ansir
permintaan hamba lagi
Tuhan jangan membuat sulit
Terhadap hati hamba
Mudahkan ke jalan yang baik
Seperti yang hina
Ringan mudahnya
Dan lagi semoga
Memperoleh safaat Nabi
Hingga sampai pada penulis

52. Penulis sangat berharap
safaatnya para ambiya
serta sahabatnya
serta para wali katib
yang sudah terbuka tabir gaibnya
meski jelek yang menulis
tetapi batinnya
tidak menyalahi aturan
mungkin ada ampunan Tuhan
kelak siapa yang tahu

53. Sedang kekhawatiran penulis
sebab sering berbuat maksiat
hampir tidak ada waktu
bagaimanakah kelak
jika tidak mendapat ampunan Tuhan
hanya menderita
duh Tuhan Yang Maha Agung
semoga Allah mengampuni
terhadap dosanya umat-Mu yang lancang
ya Tuhan

54. Tidak ada yang mampu menolong
terhadap hamba yang durhaka
yang seperti hamba ini
hanya Tuhan Yang Maha Agung
yang memiliki sifat lim
semoga Tuhan mengabulkan
seperti dalil yang disebutkan
dalam Al Quran
innalalaha fa yakbilu tawadabati
Allah menerima orang bertobat

55. Hanya itu pegangan penulis
tetapi tidak berani memastikan
sebab jais Tuhannya
taubat hamba tidak diterima
karena terlalu banyak dosa
hanya menunggu anugerah Tuhan
kelebihannya
safaatnya rasul
hadis nabi attaibu min danbi
kamala dan balaha

56. Atau orang tobat dari dosa
seperti orang yang tidak punya dosa
itu kata nabi
itu pegangan besar
dalil hadis perintah Tuhan
barang siapa tidak percaya
pasti jadi kufur
maka semuanya carilah
dalil hadis sebaiknya ditekuni
dalam mencari ilmu

57. Jika sudah menguasai ilmu
sebaiknya perbanyaklah amal
jangan hanya menuntut ilmu saja
ilmu tanpa diamalkan
itu kurang baik
amal tidak disertai ilmu
itu tidak sempurna
jadi buta akhirnya
nah pikirkan jangan menganggap mudah
pecah akhirnya

58. Sudah dijelaskan di anisal utakin
Seberapa pun orang beramal
pasti ditolak amalnya
dan seberapa pun ilmu
tidak bermanfaat ilmunya
sebab tidak diamalkan
orang yang berilmu itu
maka akan ditolak amalnya
tanpa ilmu makanya harus diketahui
berilmu disertai beramal

59. Ilmu yang sempurna serta amal salih
itu beruntung jika memilikinya
jika keduanya bertemu
sabar tawakal jujur
dan beribadah tafakur dikir
peninggalannya yang demikian
makrifat Tuhan Yang Maha Agung
itu agungnya tindakan
yang memakai sama dengan ahli sufi
yang sudah dibukakan

60. Jalannya orang yang dekat Tuhan
harus teku beribadah
serta mengurangi makan tidur
dan mencegah kesalahan
kesalahan dihindari
lakukan jalan
jalan yang benar
wujudnya jalan yang besar
dalil Al Quran dan hadis Nabi
dan ijmak ulama

61.Perintahnya dari hadis dan dalil
Apa perintah yang ada di sana
janganlah memnganggap mudah
celaka akhirnya salah
salah sampai seterusnya
kelak menjadi perbincangan
dituduh tidak dapat mencegah nabi
cermati dalam hati agar bening
cermati niat hatimu

62. Hati yang menyimpang singkirkan jauh
irihati fitnah janganlah dilakukan
mencelakai sesamanya
bersembunyi mengadu domba
ujub riya kibir hatinya
itu merusak badan
sifat takabur
jangan membuka aib orang lain
merasalah kekurangan diri sendiri
hindarilah suka mencela

63. Orang yang suka mencela segala hal
itu menunjukkan orang kurang akal
dicela ilmunya
dan lagi pesanku
jangan bertindak nista/hina anakku
tertarik segala sesuatu
tidak boleh melihat
terhadap barangnya orang lain
tidak boleh dilihat pasti diinginkan
jangan bersifat heran

64. Orang mudah heran mewariskan dengki
serta mewariskan tidak menerima
pada pemberian Tuhan
menjauhkan rasa syukur
mewariskan hati resah
dan menarik sifat serakah
menyesatkan pikiran
ceritakan orang utama
dahulu sudah senang pada ketauhidan
tidak ada yang disenangi

65. Tidak peduli sesama
memuji dan mencela itu dihindari
sebab mencela Tuhan
lupa sudah memiliki
kepastian baik dan buruk
sudah kodrat Tuhan
ketika masih di lokil makpul
maka tidak heran terhadap orang lain
hanya Allah itulah yang ditakjubi
karena sangat berkuasa

66. Dapat memelihara segalanya
dan dapat membuat panas matahari
dan bisa memancarkan
bintang yang ada di atas
tidak memakai digosok
serta tanpa gantungan
namun demikian tidak jatuh
membuat langit tanpa tiang
dan membuat laut asin airnya
pantas dikaguminya

67. Maka orang yang ahli sufi
tidak ada yang ditakuti
kecuali Tuhan Yang Maha Pencipta
semua ini makhluk
tidak ada yang membahayakan
semua dianggap sama
tidak berbeda tempat
walau surga neraka
hukumnya itu masih khawadis
semua hukumnya rusak

68. Itu pendapat orang ahli bijak
yang sudah mencapai makrifat pada Tuhan
seperti itu anggapannya
tidak senang surga yang besar
pada neraka juga tidak takut
tidak ada yang dilihat
selain Tuhan Yang Maha Agung
itul;ah orang yang merindukan Tuhan
sudah merasuk ilmu amal menjadi satu
berpindah pada penglihatan

69. Penglihatannya tidak berubah
tidak pergi kemana-mana
hanya tertuju pada penglihatannya
melihat pada yang dilihat
perilakunya sangat menyenangkan
bingung  penglihatannya
penglihatan yang halus
lulus ramah akhirnya lama
jika sudah tahu itu manusia yang sudah
berbentuk apa yang demikian itu

70. Diakhirilah tembang dhandhanggula
kehendaknya Raden Arya Kusuma
tidak akan melanjutkan
sekian saja cukup
jika dapat kamu menerima
ibarat pudhak cengkar
kayon pinggir laut
kalau saya jelaskan
sesungguhnya bicara tanpa hasil
pusing terserahlah